SELOPANGGUNGKU KFRLGK
SELOPANGGUNGKU KFRLGK
Yow iki lagu kanggo deso selopanggung,
neng kene akeh tiwul karo sego jagung
kembang abang rosela, iso dadi tamba (o).
urip kecukupan sing penting iso mangan.
Yow kadang dolan, ora usum tawuran.
opo maneh pacaran, iso nyanding sandang papan.
podo seneng dangdutan karo pengajian
tonggo lan konco iso gawe seduluran.
Isuk awan wengi neng ati rasane ayem.
dadi bocah uwong ojo seneng dialem.
masio urip susah tetep digawe mesem.
ora usah bingung opo maneh mendem.
Jajal dungo
karo sing moho kuoso
njaluk bondo dunyo utowo bojo loro
ojo gawe loro bojo karo wong tuo
ojo seneng maido nalar mu kudu dienggo.
Reff
Jare uwong kuto ojo mung omdo.
senengane kepo, golek salaeh tonggo.
kui gawe duso nek mati mlebu neroko
mending neng surgo kui jare agomo 2x
Yow Ndisek
uwong tuo ku neng kana
ojo werna-werna, dadi uwong sing nerima
ngalah karo kanca, wong tuo ngelingna
men ora cilaka dadi uwong waskita
Kepie carane, gawe seneng anake
mulo akeh pitutur, sing manut, gelem diatur
dadi kewajibane, singa tuwo mulang lare
wong liyo due gawe, aja mung meneng wae.
Wong urip kudu sawang sinawang
elingo karo tonggo sing podo urip kurang
jo seneng sanggah uwang, ora enak disawang
dadi wong lanang, kudu luwes sing lantang
Ojo seneng jegang, ngenteni kopi wedang
kerjo arang-arang, ngono njaluk kondang
urip guyub rukun karo sanak lan kadang
ojo seneng ngutang kui nggarai reang.
Reff
Jare uwong kuto ojo mung omdo.
senengane kepo, golek salaeh tonggo.
kui gawe duso nek mati mlebu neroko
mending neng surgo kui jare agomo 2x
TERIMAKASIH
KFRLGK
ALLAWNIZME
Komentar
Posting Komentar